November 19, 2013

ADAT TRADISI JAWI BABAGAN MANTENAN


PURWAKA

            Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha asih, ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Saengga kita saged ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge mata kuliah bahasa jawa.
            Makalah punika ngrembag babagan Pranatacara Temanten. Wonten makalah babagan pinika, kita ngrampungaken miturut bab piwulangan ingkang dipun aturan.
            Kita sedaya dipun ndamel makalah punika, ingkang kamampuan kita. Kita mangertos menawi makalah punika mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun nywun kritik lan saran sedaya pihak ingkang kagungan sifat mbangun.
            Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun kaggungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos ing pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha. Amin.





Semarang, 7  Desember 2011            


Panganggit                             




i

DAFTAR ISI

Purwaka……………………………………………………………….. i
Daftar Isi……………………………………………………………….ii
Bab I  : Pambuka……………………………………………………….1
A.    Wigatosing Rembag……………………………………………1
B.     Kakajen Ingkang Dipun Rembag………………………………1
C.     Kagunaan Panulisan…………………………………………....1
Bab II : Pembahasan…………………………………………………...2
A.    Upacara Adat…………………………………………………..2
B.     Tata Cara Adat Mantu…………………………………………2
BAB III : Panutup……………………………………………………...14
A.    Dudutan………………………………………………………..14
B.     Piweling…………………………………………………..........14
Daftar Pustaka…………………………………………………………15





















ii
BAB I

PAMBUKA


A.    Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika kita badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing upacara adat mantu punika.

B.     Kakajen Ingkang Dipun Rembag

1.      Punapa tegesipun upacara adat mantu punika?
2.      Punapa kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?
3.      Punapa kemawon cak-cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?


C.     Manfaat Panulisan

1.      Mangertosi tegesipun upacara adat mantu
2.      Mangertosi rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.
3.      Mangertosi cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu.









BAB II
WOSING PIREMBAGAN

A.    Upacara Adat Mantu

Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika             :
a.     Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak   sedherek.
b.    Paningset lan lambang kalpika   (tukar  cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan             lan               ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran   lajeng dipuntindakaken               tata cara upacara mantu.
1.      Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur    = sejane nur / cahya).
2.      Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
3.      Pasang tuwuhan 
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning           kulawarga.
4.      Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
5.      Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan    (pesta/resepsi).

B.    Tata Cara Adat Mantu

1.      Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nugraha miwah sih rohmating Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mugi-mugi tansah nunggil ing jiwangga bapak guru saha sagunging para siswa.
Bapak guru Basa Jawi ingkang winengku ing karahayon, para kadang mahasiswa ingkang kula tersnani. Kula minangka pambyawara kepareng murakani tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kepareng kla tepangan rumiyin, nami kula Bp. Sularman minangka pambyawara utawi pranatacara. Dene urut saking ngriki menika Bp. Suhadi minangka utusan handhodhog kori, lajeng Bp. Sukarman menika minangkautusan ingkang badhe paring wangsulan pandhodhoging kori. Kadang kula Bp. Ruwanto menika minangka utusan pihak jaler micara ing adat lamaran. Salejengipun menika kadang kula Bp. Suwanto utusan pihak estri ingkang badhe paring wangsulan nampi lamaran. Lajeng kadang kula ingkang menika naminipun Bp. Sutopo ingkang badhe masrahaken manten kakung.Wonten dene ingkang menika naminipun Bp. Suroso ingkang badhe wangsulan utawi nampi pasrah manten kakung. Lajeng menika naminipun Bp. Suharto ingkang badhe atur pambegeharja wakilipun ingkang kagungan kersa mantu. Dene ingkang pungkasan menika kadang kula nami Bp. Sutaji ingkang badhe atur wursita wara. Kepareng kula maosaken rerantamaning tatacara kegiatan gladhen ing kelas dinten menika dinten Rabu suya kaping 7 Desember warsa 2011.
Tatacara kapisan, inggih menika gladhen atur salebeting adicara pandhodhoging kori.
Kaping kalih, inggih menika atur wangsulan saking pihak estri tumrap pangandikan kapisan.
Kaping tiga, inggih menika atur pangandikan pasrah lamaran saking pihak jaler.
Kaping sekawan, inggih menika atur pangandikan nampi lamaran saking pihak estri.
Kaping gangsal, inggih menika atur pangandikan masrahaken calon panganten kakung.
Kaping nem, inggih menika atur pangandikan nampi alon penganten kakung saking pihak jaler.
Kaping pitu, inggih menika atur pambegaharja saking wakil ingkang kagungan kersa.
Lajeng ingkang pungkasan mangke, inggih menika wursita wara utawi ular-ular.
Makaten menggah rerantamaning tatacara gladhen micara ing tatacara manten adat jawi. Bapa guru kasuwun pangestunipun mugi-mugi tatacara gladhen purwa, madya, lan wasana, saged lumampah kanthi rahayu nir ing sambekala. Nuwun. Wassalamualaikum. Wr. Wb.
2.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
Sampun dumugi mangsakala wayahing siswa kapisan gladhen micara ing adicara adat dhodhog kori. Sumangga kadang kula Bp. Suhadi kula dherekaken nindakaken jejibahan menika. Sumangga !
3.      Micara dhodhog kori
Kula nuwun ! Assalamualaikum. Wr. Wb.
Awit keparengipun Gusti ingkang murbeng dumadi kula kinanthi dening Bapaksaha Ibu Susilo inggih tiyang sepuhipun Mas Susanto dinten menika saged sowan kanthi slamet wilujeng. Kanthi manah ingkang syukur, keparenga kula matur ing ngarsanipun Bapak Sunetra sarimbit, sepisan kula sakulawarga ngaturaken salam rahayu wilujeng mugi katur dhumateng  kulawarga Bapak Sunetra. Ndherek nepangaken kula pun Bp. Suhadi, saking Dhusun Puri, Kecamatan Pati, Kabupaten Pati. Sanesipun kula, ingkang dherek sowan menika Bapak saha Ibu Susilo. Inggih menika semah kula.
Dene sedyaning manah ingkang sepisan inggih menika silaturahmi amemayu kekadangan lan pasedherekan. Kaping kalih mugi mboten damel rengating penggalihipun Bapak saha Ibu kepaeng nyuwun priksa menapa leres kagungan putra estri naminipun Susanti. Kaping tiga, Bapak Susilo sekaliyan kagungan putra jaler naminipun Susanto. Lare menika sampun diwasa kepengin saged gadhah mitra geganthilaning manah ing gesangipun. Blaka suta kemawon bilih igkang dipuntuju menika putra estri panjenengan. Jumbuh kaliyan kawontenan, anak mas Susanto lajeng mothah nggubel dhumateng bapak saha ibunipun supados nyuwun priksa sekinten nak ajeng Susanti menika sampun menapa dereng wonten ingkang badhe mengkoni. Menawi sekinten saged, kula ingkang tinanggenah mnangka talanging atur dinten menika mugi Bapak Sunetra sarimbit kersa paring wangsulan ing bab pitakenan kala wau. Sawatawis makaten, dene dipunrembag mirunngan.
Ing wasana cekap hambok bilih wonten kirang leres ing basa saha sastra, tuwin tumindak ingkang kirang tatakrama kula nyuwun sih samodra pangaksama. Bilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum. Wr. Wb.
4.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
Makaten pangandikan saking utusan pandhdhog kori. Salajengipun saking pihak estri badhe paring wangsulan. Ing wekdal kalenggehan menika atur wangsulan badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sukarman. Sumangga kula dherekaken.
5.      Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwu sewu kula ingkang badhe matur. Karahayon tuwin kabagaswarasan sinartan penggalih ingkang suka bagya mugi-mugi tansah kajiwa raga dhumateng panjenengan lan kula ing dinten menika. Mangga ngunjukaken raos syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Akarya jagad.
Kula nepangaken nami kula pun Bp. Sukarman, dene ingkang menika Bapak Sunetra saha ibu. Ingkang menika Bapak Anuraga sekaliyan ibu kaprenah bapa pamanipn gendhuk Susanti. Kula kautus dening Bapak Sunetra supados dados talanging atur. Kepareng matur sepisan ngaturi panjenengan sedaya sugeng rawuh, saha sungeng lenggah, ing dalemipun Bapak Sunetra wonten Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Menggah salam rahayu wilujeng saking kulawarga Bapak Susilo sampun kula tampi lan kosok wangsulipun.
Panjenenganipun Bapak Susilo sekaliyan lumantar Bapak Suhadi. Kalawau sampun medhar wosing penggalih sedyaning pisowanan menika. Kila ing ngriki kautus dening Bapak Sunetra supados matur ngaturi wangsulan dhateng panndhangon panjenengan.
Ingkang kapisan, mila leres Bapak Sunetra kagungan putra estri naminipun Susanti, menika putra angka kalih utawi wuragil awit Bapak  Sunetra sekaliyan namung kagungan putra kalih ingkang mbajeng sampun emah-emah.
Pandangon panenengan ingkang angka kalih nuju dhateng pepoyaning kautamen,pramila anggen kula mangsuli kedah sayektos adhedhasar kasunyatan lan penggalihipun ingkang badhe anglampahi. Kula lan panjenengan menika nut lakune jaman. Samangke sesambetan lare enem bebten kaliyan kala rumiyin. Pramila ing wekdal menika, kula ngaturi uninga bilih miturut katrangan saking gendhuk Susanti ingkang sampun matur dhumateng rama saha ibunipun ilih piyambakipun sampun gadhah pasangan. Dene pasangan ingkang dipunkajengaken inggih menika namung setunggal naminipun Susanto saking Dhusun Puri, Pati. Dados sampun cetha trawaca bilih Bapak Sunetra saha Ibu sarta menika putra Bapak Susilo sekaliyan. Kanthi mekaten, pandangon panjenengan sanpun kula wangsuli kanthi cetha.
Kados namung menika ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan. Sumangga kula aturi lenggah ingkang sekeca angresepi pasugatan ingkang sarwa prasaja. Dene menawi wonten tumpangsuhipun atur, ugi patrap ingkang kirang sae kula saha kulawarga Bapak Sunetra namung nyadhong lumunturing sih pangapunten. Bapak Sunetra sakulawarga ngaturaken matur nuwun sanget rawuhipun,mugi-mugi benjang saged dados sedherek ingkang rukun, caket, saha raket. Amin. Bilahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb. 
6.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
Para kadang sedaya ing wekdal kalenggahan menika atur panglamar badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Ruwanto. Sumangga kula dherekaken.
7.      Micara Atur Pasrah Lamaran
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang welas Asih. Jalaran ngantos dumugi titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki tentrem rahayu nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung bebrayan agung wonten negari nuswantara.
Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak Sunetra sakulawarga. Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki kadherekaken para pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri, Pati. Sowan kula kajawi silaturahmi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra wonten Dhusun Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula sapangombyong menika ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak Sunetra jumbuh kaliyan ingkang putra kakungipun nak mas Susanto tumuju dhateng nakajeng Susanti. Awit golong gilig saha gelengipun manah nakmas Susanto ingkang badhe mengku nak ajeng Susanti minangka garwa amangun bale wisma.
Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak Sunetra ngaturaken uba rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan abon-abon menika reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun paningset, mugi sageda katampi kanthi suka rena penggalih,kanthi panyuwunan ugi sageda anggenipun niat badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir ing sambekala. Amiin.
Pungkasaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi wanci saha titi ari badhe tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal pahargyan sumangga sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten ngersakaken bebantu iguh pratikel, kula sakaluwarga sumadya caos pambiyantu sasaged-sagedipun.
Ing was an kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula sapandherek katampi anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih anggen kula matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan kirang ing subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

8.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna. Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur pangandikan nampi lamaran ingkang badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Suwanto. Sumangga kula dherekaken.

9.      Micara Nampi Pasrah Lamaran
Nuwun. Assalamualiakum Wr.Wb.
Sumandhing suka rena sinandhing bagya mulya. Ing titi wanci kalenggahan menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang dalemipun Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan kulawarga ageng brayat Bapak Susilo bsaking Dhusun Puri, Pati. Pramila sumangga ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad.
Kula ingkang tinaggenah minangka traju wacana matur nuwun atur salam wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena ugi salam wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo sakaluwarga.
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking Bapak Suwanto minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi cetha. Tiyang sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun atur pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas Susanto sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan saged nampi kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten rubeda menapa-menapa.
Kaados makaten menggah bebundhelaning penggalihipun Bapak Sunetra, ingkang sampun kawedhar lumantar kula minangka talanging basa.
Mangga dipunsakecakaken anggenipun wawan rembag sinambi angresepi pasugatan ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah bilih wonten kirang sae anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing wasana cekap semanten maturnuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

10.  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna. Salajengipun wekdal sakecanipun kangge atur masrahakaken calon panganten kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sutopo. Sumangga kula dherekaken.

11.  Micara Masrahaken Panganten Kakung
Nuwun, Kulanuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Tunggal, mugi-mugi tansah sumandha ing jiwangga kita, waradin sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula pambyawara kinen ngayahi jejibahan masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggal, ingkang sampun paring panuntun dhteng kula sapangiring panganten kakung saking Dhusun Puri, Pati satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng, nir ing sambekala.
Bapak Wijaya sekaliyan ingkang minulya. Para pinisepuh, sesepuh saha para alim miwah para tamu sadaya ingkang kinurmatan.
Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabagyan, Bapak Susilo sekaliyan nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi ngaturaken salam kawilujengan katur Bapak Sunetra sekaliyan.
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas Susanto saklajengipun kula pasrahaken dhumateng Bapak Sunetra sakaluwarga lumantar Bapak Harjuna Sastra sumangga anggenipun badhe hamiwaha. Kula sah Bapak sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pawiwahan menika saged lumampah kanthi rancag, lancar kali sing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menapa, kula blaka suta, nglenggana, bilih panganten kakung menika taksih cubluk utawi kirang seserepan ing bab ngelmu gesang bebrayan, mila panyuwun kula dhateng Bapak Sunetra sakulawarga, para pinisepuh, sesepuh ing mriki kersaa suka paring wewarah amrih gesangipun saged manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten klenta-klentunipun atur, ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur nuwun.
 Wassalamualaikum Wr.Wb.

12.  Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur panampi pasrah calon panganten kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp.Suroso. Sumangga kula dherekaken.

13.  Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puji konjuk ing ngarsanipun Allah ingkang Maha Tunggal, nugraha miwah karahayon mugi-mugi tetepa kaluberaken dhumateng kulawarganipun, sakabatipun, sarta tetiyang ingkang amestuti pitedahipun. Dene sasampunipun menika Bapak Sunetra ingkang kinurmatan, Bapak Susilo sakulawarga sapangiring panganten kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapak Sunetra sekaliyan, keparenga matur dhumateng Bapak Sutopo ingkang kalawau sampun kaparingaken dhateng kula saha panjenengan, satemah saged pinanggih wonten papan mriki kanthi wilujeng nir sambekala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabrayat, dupi sumerep rawuh panjenengan sapangiring hanganthi panganten kakung.
Menggah salam kawilujengan saking Bapak Susilo lumantar Bapak Susilo lumantar Bapak Sutopo sampun kula tampi, kosok wangsulipun Bapak Sunetra ugi ngaturaken salam kawilujenganipun dhateng Bapak Susilo sakulawarga.
Pasrah panganten tumrap panganten kakung sampun kula tampi, saklajengipun badhe kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit kawontenan ingkang sarwa rupak. Ing babagan panggulawenthah putra panganten sekaliyan sumangga kulawarga kekalih samad sinamadan suka piwulang amrih saged sae.
Bapak Sunetra sabrayat nyuwun idi pangestu lan ngaturi panjenengan kersaa lenggah kanthi sakeca ngantos saparipurnaning pawiwahan. Kula minangka talanging basa, mbok bilih anggen kula matur, saha nampi karawuhan panjenengan sapangiring wonten kirang nuju karsa kula nyuwun agenging pangapunten. Cekap semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

14.  Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
Salajengipun wekdal kangge kadang candhakipun ingkang badhe gladhen micara sacekapipun kangge atur pambegeharja tamu. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Suharto. Sumangga kula dherekaken.

15.  Micara Panbageharja
Nuwun. Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puja puji konjuk dhateng Gusti Ingkang Maha Murbeng dumadi lan Gusti Ingkang Sarwa Sanggya Bawana. Dhumateng panjenenganipun kawula nyuwun pitulungan tumrap sadaya prakawis agami saha donya. Dene sasampunipun menika. Para pinisepuh, sesepuh, para alim, para tamu ingkang minulya. Kawilujengan, karaharjan, tuwin katentreman mugi tansah kasarira panjenengan sadaya.
Keparenga kula sumela atur awit mundhi dhawuhipun Bapak Sunetra sekaliyan, ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan. Namung saderengipun, sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saengga kula lan panjenengan sedaya saged pinanggih ing dalemipun Bapak Sunetra saperlu paring idi pangestu dhateng akdun jaleripun Bapak Susilo ingkang mijil saking dhusun Tayu mriki. Ijab qobul sampun kalampahan kanthi wilujeng, nirbaya nir sambekala kalawau antawisipun jam 08.00 enjing.
Para tamu ingkang kinurmatan, Bapak Sunetra ngaturaken pambagya wilujeng rawuhipun, boten kesupen Bapak Sunetra sekaliyan ngaturaken agungipun panuwun/ matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya pambiyantu panjenengan saha para kadang sentana lan mitra, tanggi tepalih ingkang awujud menapa kemawon saengga pawiwahan mantu ing dinten menika lumampah kanthi rancag, regeng, lan boten wonten rubeda.
Bapak Sunetra sekaliyan boten saged atur keliru sih kadarman panjenengan kalawau, namung saged memuji mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados amal lan pikantuk liru saking Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih. Amin.
Para tamu kakung saha putri,
Sinaosa anggenipun kagungan kersa manton menika sampun dangu anggenipun ngrancang sah ngracik, ewa semanten taksih kathah kekiranganipun. Wiwit ngaturi serat sedhahan ngantos anggenipun nampi karawuhan panjenengan ing dinten menika ing babagan aruh, suguh, gupuh, lan lungguh menawi wonten kirang damel rena penggalih Bapak Sunetra sekaliyan nyuwun pangapunten sakathah-kathahipun.
Salajengipun panjenengan sedaya kersaa mrayogakaken anggenipun lenggah ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Kula pribadi mbokbilih anggen kula matur wonten kirang leres ing reh paramasastra miwah micara, subasita miwah tatakrama kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Panjenengan kula aturi mrayogekaken anggenipun lenggah ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Nuwun.
 Wassalamualaikum Wr.Wb.

16.  Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
“Makaten gladhen atur pambageharja sampun katindakaken kanthi tata, titi, tatas, lan titis.
Para kadang siswa ingkang kula tresnani,
“Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur wursitawara. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula bapak Sutaji. Sumangga kula dherekaken.”
17.   Micara Atur Wursitawara
Nuwun,
Assalamu’alaikum Wr.Wb
   Sadaya puji sembah miwah puji kagunganipun Gusti Allah ingkang nguwaosi arsy ingkang agung. Kanugrahan saha karahayon mugi-mugi sanityasa kaluberna/kaparingna dhumateng utusanipun ingkang mulya, inggih menika tetunggul miwah pangayom kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sumanak sumandherek tuwin tresna asih, sarta dhumateng kulawarga dalah sekabat-sekabatipun inggih menika para-para ingkang masrahaken jiwa/nyawa tuwin kadonyan/brana artanipun namung mligi konjuk Gusti Allah Ingkang Agung.
   Para sesepuh, miwah pinisepuh, bapak-bapak saha ibu-ibu para tamu sadaya ingkang kinurmatan, mligi katur anak kula penganten sekaliyan ingkang nembe kawisudha minangka calon Bapak, calon Ibu ingkang kula tresnani. Katur sedherek kula panatacara kula matur nuwun dipunparingi wekdal kangge mbabar sabda mulya utawi wursitawara, utawi sabdatama utawi ular-ular. Wursitawara menika kula aturaken dhateng anak kula penganten sekaliyan kangge sanguning gesang brebayan. Dene penganten kawak midhangetaken menapa ingkang badhe kula aturaken inggih boten wonten awonipun. Ananging salugunipun kemawon kula menika dereng mandhita awit ngelmu kula menika namung sakedhik. Sanajan kados makaten kula tinuding kapiji Bapak Wijaya saha besan saperlu atur sabdatama.
   Anakku penganten sekaliyan sira sakloron saiki wis mengku balewisma utawa wis omah-omah najan during duwe omah ning jenenge wis omah-omah kuwi beda karo nalikane sira isih padha ijen-ijen. Suami kudu bisa angayani, angayomi, lan angayemi garwane. Momot, mengku, lan mimpin, sarta iklasing ati nampa kabeh kekurangane garwa. Nek luput kudu disepura. Semono uga istri, kuwi sandhangane kakung. Kepriye eguh pratikele saengga istri nek ditinggal ing ngomah dhewe ora wedi ya ora medeni lan ora nguwatiri, nek dijak bareng karo sing kakung ora ngisin-ngisini. Wong omah-omah ngono kudu tumuju marang wirya, arta, lan winasis sinartan tekun ngibadahe miturut syariat agamane. Wirya iku tegese kajen alias mempunyai harga diri, kulawargane dipimpin supaya duwe harga diri ing masyarakat bebrayan agung. Arta tegese wong omah-omah iku kudu duwe dhuwit sing digoleki kanthi cara nyambut gawe entuk kanthi halal, saengga barokah. Golek dhuwit aja mlanggar aturane agama lan nagara, awak ora patiya mujur malah dadi kojur. Winasis iku kepinteran, tansah ngudi marang ngelmu urip, ngelmu agama lsp. Tekun ngibadahe tansah eling marang sing gawe urip, nyuwun taufik lan hidayah supaya kulawargane rahayu, raharja, slamet wilujeng.
   Anakku penganten sakloron, omah-omah iku nek kepenging bisa wareg, waras, wutuh, wasis, widada, lan wibawa mula kowe sakloron kudu nyukupi pawon, anggon-anggon, turon, enggon utawa gupon lank ebon. Pawon tegese cukup pangan, cukup tegese sing didhadar ora mesti mewah nanging ana gisine, anggon-anggon tegese cukup sandhangane klebu car arias lan nata awak, ora kudu mabyor-mabyor nanging sederhana resik rapi endah lan menarik. Menarik iki mligi supaya suamine terus tertarik marang istrine sanajan wis nganti tuwa tetep isih tertarik marang garwane dhewe.
   Sabanjure kudu nyukupi turon tegese kebutuhan biologis terpenuhi. Tujuwane wong omah-omah yaiku duwe turun utawa kagungan putra supaya mbesuk bisa nerusake asmane wong tuwo.
   Enggon utawa gupon tegese kudu nyukupi papan panggonan utawa omah. Alon-alon kudu dirancang kapan bisa duwe omah yasane dhewe, sing gawe saka jerih payahe wong loro. Omah ora perlu mewah, nanging sehat cukup kanggo sakulawarga bisa bungah.
   Dene sing pungkasan yaiku kebon, tegese kudu bermasyarakat. Supaya nyukupi kebon, kowe kudu rukun marang rama-lan ibumu dhewe, rukun marang maratuwamu, lan rukun marang tangga teparo, sarta rukun karo kanca.
   Wektune dibagi kanggo nyambut gawe, kanggo silaturahmi/kagiyatan masyarakat, kanggo nyenengake awake, kanggo sinau utawa golek ngilmu donya akherat, ben otake ora ketul.
   Mung samono anggonku paring pituduh marang sira penganten sakloron. Ana sing mbok anggep apik tindakana nek sing elek aja mbok nut utawa lalekna.
   Para rawuh ingkang minulya, kados naming samanten babaring wursitawara adedhasar gaduking nalar pangertosan kula. Ambok bilih wonten klenta-klentunipun atur saha wacana kersa para rawuh sedaya paring pangapunten. Katur adimas panatacara wekdal saha sasana kula aturaken wangsul.Bilahi taufik wal hidayah.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

18.  Panatacara mungkasin adicara gladhen
   Satuhu edi endah tur aji menapa ingkang sampun dipunaturaken dening sedherek kula bapak Sutaji. Sedaya mugi saged kapetik sari-sarining wewarah saengga mahanani tumprap penganten kekalih kangge gesang ing bebrayan agung. Kanthi pangajab mugi tansah manggih kamulyan karaharjan, saha kabagyan.
   Para kadang ingkang kula tresnani
   Dumugi wahyaning mengsakala wus ndungkap titi purna laksitaning tatacara gladhen ing dinten menika. Wiwit purwa, lajeng madya dumugi ing wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sambekala. Sak lajengipun kasuwun para siswa ingkang sampun purna maraga lenggah wangsul ing palenggahan sakawit. Mangga.
   Namung semanten menggah tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kula ingkang nampi jejibahan minangka panatacara sepisan ngaturaken agengipun matur nuwun, kaping kalih mbok bilih wonten lepatipunbasa lan sastra, kirang ing subasita miwah tatakrama kula nyadhong lumunturing samodra pangaksama. Sugeng gladhen ketrampilan sanesipunb mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum Wr.Wb. Nuwun.

BAB III
PANUTUP

A.    Dudutan

1.    Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
2.    Rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
a.       Lamaran
b.      Paningset / lambang kaplika / tukar cincin
3.    Cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu, inggih menika :
a.       Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
b.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
c.       Micara dhodhog kori
d.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
e.       Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
f.       Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
g.      Micara Atur Pasrah Lamaran
h.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
i.        Micara Nampi Pasrah Lamaran
j.        Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten kakung.
k.      Micara Masrahaken Panganten Kakung
l.        Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten kakung.
m.    Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
n.      Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
o.      Micara Panbageharja
p.      Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita wara
q.      Micara Atur Wursitawara
r.        Panatacara mungkasin adicara gladhen

B.     Piweling

Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra-putrinipun.


Selamat Datang di www.anaziz.com semoga konten yang anda cari ada disini. Website ini masih dalam pengembangan dan akan berorientasi pada bidang pendidikan terutama perangkat pembelajaran. Semoga bisa menjadi website yang berguna terutama untuk pengembangan pendidikan di Indonesia.

8 komentar:

Bergabung dengan Tim

Kontak
Aziz Permana
082137148320
Gempolsari 18/04, Wates, Simo, Boyolali
Powered by Blogger.