-->

November 23, 2013

TEMBANG MACAPAT


ATUR SAPALA
Ingkang sepisan kita ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT awit kanthi sadaya nikmat lan rahmatipun saengga kita saget ngrampungaken makalah punika, lan sadaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken makalah punika.
Wonten makalah punika, kita mratelakaken babagan Tembang Macapat. Makalah menika ngandharaken pangertosan tembang macapat, sejarahipun tembang macapat sarta maknanipun saben tembang macapat.
Mugi-mugi kanthi makalah punika saged kagem referensi kita panjenengan sadaya. Menawi wonten leresipun punika saking Allah lan menawi wonten lepatipun punika saking kita piyambak, awit kita nyuwun agunging pangaksami.
Matur nuwun.




 Semarang, November 2011

Pangripta        

BAB I
PAMBUKA

A.    Wawadaning Prekawis
Warisan budaya sing bisa disinauni dening para leluhur iku akeh banget uga bisa disinauni dening kawula mudha. Budaya adi luhur iku uga bisa mbantu para mudha kang ngangsu kawruh ngembangake kabudayan. Salah sawijining budaya luhur yaiku tembang macapat. Nanging ing jaman saiki tembang macapat wis arang ditembangake. Bocah-bocah luwih seneng tembang modern kayata pop, rock, lan sakpiturute.
Lumantar permasalahan iku, ing makalah iki babagan tembang macapat bakal dijlentrehake kanthi luwih rinci. Sing dijelaske ing makalah iki antara liya etimologi tembang macapat, sejarah, lan tuladhane tembang macapat.
Kanthi babagan iki, para mudha, tua, lan sapa wae sing ngrumangsani wong Jawa bisa mangerteni tembang macapat, mangerteni sejarah lan tuladhane tembang macapat, sarta duweni rasa nglestarikake budaya Jawa, khususe tembang Jawa (tembang macapat).

B.     Momotaning Prekawis
1.      Apa tegese tembang macapat iku?
2.      Kepriye sejarahe tembang macapat iku?
3.      Tembang apa wae kang kalebu tembang macapat?

C.    Ancas
1.      Mangerteni tegese tembang macapat
2.      Mangerteni sejarahe tembang macapat
3.      Mangerteni tuladhane tembang macapat
BAB II
BAHASAN
A.    Macapat
Macapat yaiku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sansekerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
·           Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
·           Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
·           Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

B.     Etimologi Macapat
Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Sajabané iku, makna liya yaiku tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat". Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé. Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing suku kata (wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara. Maca-tri utawa kategori sing katelu yaiku tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.

C.    Sejarah Macapat
Macapat minangka sebutan puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan basa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam. Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi.
Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masyarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. Bab iki adhedhasar pola macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tueuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing Jawa urip bebarengan telu basa, yaiku Jawa Kuno, Jawa Tengahan lan Jawa Anyar. Jroning Mbombong manah I, disebutaké yèn tembang macapat diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.
a. Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé
            Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana.
b. Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé
Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.
c. Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder  
Disebutaké yèn sacara linguistik basa Jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa Jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.

D.    Jenising Tembang
Tembang  utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1.      Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
Maskumambang
Nadyan silih, bapa biyung kaki nini    (12i)
Sadulur mnyang sanak                        (6a)
Kalamun muruk tan becik                   (8i)
Nora pantes yen den nuta                   (8a)

2.      Mijil
Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
Mijil
Poma kaki padhadipun eling               (10i)
Ing pitutur ingong                               (6o)
Sira uga satriyo arane                          (10e)
Kudu anteng jatmika ing budi                        (10i)
Ruruh sarta wasis                                (6i)
Samubarang tanduk                            (6u)
3.      Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
Sinom
Pangéran kang sipat murah                             (8/a)
Njurungi kajating dasih                                   (8/i)
Ingkang temen tinemenan                               (8/a)
Pan iku ujaring dalil                                        (8/i)
Nyatané ana ugi                                              (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub                                  (8/u)
Wiwitané nenedha                                          (7/a)
Tan pedhot tumekèng siwi                              (8/i)
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)

4.      Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu                   (8u)
Ing sasmita amrih lantip                      (8i)
Aja pijer mangan néndra                     (8a)
Kaprawiran dèn kaèsthi                      (8i)
Pesunen sariranira                               (8a)
Sudanen dhahar lan guling                 (8i)

5.      Asmarandana
 Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmarandana
Aja turu sore kaki                                            (8/i)
Ana Dewa nganglang jagad                            (8/a)
Nyangking bokor kencanane                          (8/e)
Isine dongo tetulak                                        (8/a)
Sandang kalawan pangan                               (7/a)
Yaiku bagianipun                                           (8/u)
Wong melek sabar narimo                               (8/o)

6.      Dhandhanggula
 Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandhanggula
Éling-éling pra kadang dèn éling                    (10/i)
Uripira ing ndonya tan lama                            (10/a)
Bebasan mung mampir ngombé                      (8/e)
Cinecep nulya wangsul                                   (7/u)
Mring asalé sangkané nguni                            (9/i)
Begja kang wus pana                                      (7/a)
Sangkan paranipun                                          (6/u)
Dedalan kang dèn ambah                                (8/a)
Mrih rahayu lumampah margi utami               (12/i)
Sejatining kasidan                                           (7/a)

7.      Durma
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
                        Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang            (12a)
Sanak kadang kang lali                                   (7i)
Den nedya raharja                                           (6a)
Mangkono tindak ira                                       (7a)
Yen tan nggugu iya uwis                                 (8i)
Teko meneng amung aja sok ngrasani (12i)

8.      Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
                        Pangkur
Sekar pangkur kang winarna                           (8a)
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip           (11i)
Ala lan becik puniku                                       (8u)
Prayoga kawruh ana                                        (7a)
Adat waton punika dipun kadulu                   (12u)
Miwah ingkang tata krama                              (8a)
Den kaesthi siyang ratri                                   (8i)

9.      Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
                        Pocung
Ngelmu iku kelakone kanthi laku        (12u)
Lekase lawan kas                                (6a)
Tegese kas nyantosani                         (8i)
Setya budya pangekese durangkara    (12a)

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan

Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
1.    Jurudemung
2.    Wirangrong
3.    Balabak
4.    Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Gambuh
Sekar gambuh ping catur                     (7u)
Kang cinatur, polah kang kalantur      (10u)
Tanpa tutur, katula tula katali             (12i)
Kadaluarsa katutur                              (8u)
Kapatuh pan dadi awon                      (8o)

5.    Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh
Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul          (12/u)
Kawan dasa kang njagèni                               (8/i)
Ing ngajeng miwah ing pungkur                     (8/u)
Sinangga ing kanan kèring                              (8/i)
Sang gèthèk lampahnya alon                          (8/o)

Sekar Ageng

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

Tabel Sekar

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:

SEKAR MACAPAT
Sekar Macapat
Guru Gatra
Guru Wilangan lan Guru Lagu
Watake
Maskumambang
4
12i, 6a, 8i, 8a
Nalangsa
Mijil
6
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Wedharing rasa
Kinanthi
6
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Seneng
Sinom
9
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Gapyak
Asmaradana
7
8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Sedih
Gambuh
5
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Rumaket
Dandanggula
10
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Luwes
Durma
7
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Galak
Pangkur
7
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Seneng
Megatruh
5
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Sedih
Pocung
4
12u, 6a, 8i, 12a
Kendho
Jurudhemung
7
8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u
Nenes kenes
Wirangrong
6
8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a
Mrabawa
Balabak
6
12a, 3e, 12a, 3e, 12u, 3e
Sembrana parikena
Girisa
8
8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a,
Wanti-wanti
BAB III
WASANA

Dudutan
Macapat duweni makna yaiku maca papt-papat utawa tembung      -pat yaiku cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.
Aturan-aturan jroning macapat antara liya:
a.       Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
b.      Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c.       Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Kang kalebu tembang macapat yaiku: Dhandang Gula, Kinanthi, Asmaradana, Pangkur, Pocung, Durma, Mijil, Gambuh, Maskumambang, Megatruh, Sinom, Balabak, Wirangrong, Jurudemung, lan Girisa.

Selamat Datang di www.anaziz.com semoga konten yang anda cari ada disini. Website ini masih dalam pengembangan dan akan berorientasi pada bidang pendidikan terutama perangkat pembelajaran. Semoga bisa menjadi website yang berguna terutama untuk pengembangan pendidikan di Indonesia.

0 komentar:

Post a comment

Bergabung dengan Tim

Kontak
Aziz Permana
082137148320
Gempolsari 18/04, Wates, Simo, Boyolali
Powered by Blogger.